Read more: http://www.kowandy.com/2012/04/cara-agar-blog-cepat-di-buka-lewat-hp.html#ixzz26J64UFeZ DARKKILLER: Januari 2013

Biarlah kucoba menjadi 'Pembunuh Kegelapan' dalam hatimu, mengukir setiap karya dengan pena, menumbuhkannya dalam kanvas blog ini.

Pages

Jumat, 25 Januari 2013

Pangerten lan Sajarah Budaya Jawa

Bismillah..


Pangerten

Budaya Jawa iku pranataning uripé wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegesé pangertèn lan cara. Pangertèn bab urip nuduhaké sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibané. Déné cara nuduhaké pakeming tumindak ing purwa, madya, lan wusana ning kahanan. Uripé wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabèh pérangané urip kaya ta pribadiné dhéwé, liyan, alam, lan apa waé sing ana sakliyané dhèwèké kudu isa nampa lan nyengkuyung budiné sing nuju marang kasampurnaning urip.

Sajarah

Budaya utawa kabudayan Jawa iku salah siji kabudayan sing wis mapan, amarga wis suwé banget anané. Budaya Jawa ora madeg dhéwé. Animisme, Dinamisme miwiti ananing Budaya Jawa. Hindhu, Budha, Nasrani, lan Islam ya akèh banget pasumbangé marang Budaya Jawa. Budaya Jawa wiwit mula bukané gampang nampa lumebuné bab-bab anyar saka njaba angger ora sisip sembir karo pokok ugerané. Budaya Jawa urip bebarengan karo Agama lan Kapitadosan sing ana. Wataking Budaya Jaw\a sing tansah nggolèki larasé swasana gampang nampa ananing budaya liya.


Contonipun Budaya Jawa menika Budaya Bathik.
artikel Bathik saged dibuka ing mriki


You might also read:
Budaya Bathik


Alhamdulillah, moga bermanfaat ^_^

Sumber : Wikipedia.com
- Pangerten lan Sajarah Budaya Jawa

Budaya Bathik

Bismillah..


Bathik iku kasil kerajinan tèkstil ingkang ngginaaken malam (lilin) lan canthing kanggo mènèhi motif utawa gambar ing kain. Bathik wis suwé ana, kurang luwih kawit 2000 taun kepungkur. Asal tembung bathik yaiku ambathik saka tembung amba lan titik (basa Jawa) sing maknané: nggambar utawa nulis.
Werna-werna utama bathik Jawa yaiku werna biru nila lan soklat. Celupan biru lan soklat sing digabung kain putih iku dadi perlambang 3 déwa Hindhu (Siwa, Wisnu, lan Brahma).
Bathik iku uga salah sawijining cara gawé rerupan ing bahan sandhangan. Kejaba iku, bathik uga ngrujuk marang rong perkara. Sing sepisan, cara mernani (gawé werna) kanthi migunakaké malam kanggo nulak werna ngresep ing kain. Ing literatur Internasional, tèknik iki ditepungi kanthi peparab wax-resist dyeing. Pangertèn kaloro yaiku kain utawa busana sing digawé kanthi migunakaké cara kasebut, klebu kagunan motif-motif tartamtu sing khas.
Bathik Indonésia, kanthi midhangetaké sakabèhané tèknik, tèknologi, sarta motif lan budaya sing gepok-sénggol, déning UNESCO wis ditetepaké dadi Warisan Kamanungsan kanggo Budaya Lisan lan Ora Wujud Barang (Masterpieces of the Oral and Intangible Heritage of Humanity) wiwit 2 Oktober, 2009. 

Bab lan Paragraf

  • 1 Sajarah gawé bathik
  • 2 Budaya bathik
  • 3 Piranti kanggo gawé bathik
  • 4 Cara gawé bathik
  • 5 Motif
    • 5.1 Jinis motif bathik
      • 5.1.1 Banji
      • 5.1.2 Ceplok
    • 5.2 Motif bathik miturut dhaérah asal
  • 6 Jinising bathik
  • 7 Cathetan sikil

Sajarah gawé bathik

Seni gawé kelir ing kain kanthi migunakaké malam iku sawijining tèknik lawas saka jaman kuna. Panemon ing Mesir nuduhaké yèn cara iki wis ditemokaké ing abad ka-4 SM, kanthi ditemokaké kain bungkus mumi sing dilapisi malam kanggo gawé pola. Ing Asia, tèknik kaya bathik uga ditrapaké ing Tiongkok jaman Wangsa Tang (618-907) sarta ing India lan Jepang jaman Periodhe Nara (645-794). Ing Afrika, tèknik kaya bathik ditepungi Suku Yoruba ing Nigeria, sarta Suku Soninke lan Wolof ing Senegal.

Ing Indonésia, bathik dipercaya wis ana wiwit jaman Majapahit, lan dadi populèr nalika pungkasané abad XVIII utawa wiwitané abad XIX. Bathik kang diasilké yaiku kabèh bathik tulis nganti wiwitané abad XX lan bathik cap nembé ditepungi sakwisé ana Perang Donya I utawa taun 1920-an. Tembung "bathik" asalé saka basa Jawa, nanging bathik ana ing Jawa ora kacathet sajarah metuné. G.P. Rouffaer duwé pandhapat yèn tèknik bathik iki dimungkinaké ana lan ditepungaké saka India utawa Srilangka nalika abad kaping 6 utawa kaping 7. Sakliyané iku, J.L.A. Brandes (arkéolog saka Walanda) lan F.A. Sutjipto (arkéolog saka Indonésia) duwé kapercayan yèn tradhisi bathik yaiku asli saka dhaérah kaya Toraja, Flores, Halmahera, lan Papua. Wilayah-wilayah mau dudu wilayah kang kena pangaruh saka Hindhuisme ananging bisa dingertèni yèn wilayah mau duwé tradhisi kuna kanggo gawé bathik.
G.P. Rouffaer uga nglapuraké yèn pola gringsing wis ditepungi wiwit abad kaping 12 ing Kediri, Jawa Wétan. Dhèwèké uga nyimpulaké yèn pola kaya mau iku mung bisa digawé nganggo wewujududan kang jenengé canthing, mula dhèwèké banjur duwé pendhapat yèn canthing ditemokaké ing Jawa ana ing jaman semono. Dhetil ukiran kain kang mèh kaya pola bathik dianggo déning Prajnaparamita, yaiku ana ing reca dèwi kawicaksanan buddhis saka Jawa Wétan abad kaping 13.
Dhetil klambi kang nampilaké pola sulur wit-witan lan kembang-kembang kang angèl mèh kaya pola bathik tradhisional Jawa kang bisa ditemokaké jaman saiki. Iki nudhuhaké yèn gawé pola bathik paling angèl lan mung bisa digawé nganggo canthing wis ana ing Jawa wiwit abad kaping 13 utawa malah sadurungé kuwi uga wis ana.
Legendha ana ing literatur Melayu abad kaping 17, Sulalatus Salatin nyritakaké Laksamana Hang Nadim kang diwènèhi préntah déning Sultan Mahmud kanggo berlayar menyang India kanggo golèk 140 lembar kain serasah kanthi pola 40 jinis kembang ana ing saben lembaré. Merga ora bisa netepi wajib kang diwènèhké Sultan Mahmud, dhèwèké banjur gawé dhéwé kain-kain mau. Nanging kapal kang dinggo banjur kèrem ana ing lelaku bali lan mung bisa nggawa patang lembar kang ndadèkaké Sultan kuciwa.
Ana ing literatur Éropah, tèknik bathik iki pisanan dicritaké ana ing buku History of Java (London, 1817) tulisané Sir Thomas Stamford Raffles. Dhèwèké tau dadi Gubernur Inggris ing tlath Jawa nalika jaman Napoleon saka Walanda. Taun 1873 saudagar Walanda Van Rijekevorsel mènèhi saklembar bathik kang olèh nalika ana ing Indonésia marang Museum Etnik ing Rotterdam lan wiwitané abad kaping 19 kuwi bathik wiwit ana ing mangsa kajayané. Nalika dipamèraké ana ing Exposition Universelle ing Paris taun 1900, bathik Indonésia ngagètaké publik lan seniman.

Budaya bathik


Bathik yaiku kerajinan kang duwé pangaji seni dhuwur lan dadi bagéan kang ora bisa dipisahaké saka budaya Indonésia (khususé budaya Jawa). Wong wadon Jawa jaman dhisik ndadèkaké ketrampilan ana ing babagan bathik dadi pagawéyan, dadi ing jaman dhisik pagawéyan mbathik duwé kalungguhan kang èksklusif nganti ditemokaké jinis "Bathik Cap" kang ana kamungkinan wong lanang bisa mlebu ana ing pagawéyan mbathik iki. Ana pangecualian kanggo fénoména iki, yaiku bathik pesisir kang duwé garis maskulin kaya kang ana ing motif bathik "Mega Mendhung", bathik saka dhaérah pesisiran biasané dilakokaké denong para wong lanang. Tradhisi mbathik wiwitané dadi tradhisi kang turun temurun, kuwi ndadèkaké sok sok motif bathik bisa dingertèni yèn kuwi bathik saka keluwarga ngendi. Motif bathik kang dinggo bisa nuduhaké statusé wong. Saiki ana motif bathik khusus kang dinggo déning para kulawarga ing Kraton Yogyakarta lan Kraton Surakarta. Bathik dadi salah siji warisan leluhur Jawa kang nganti saiki isih ana. Bathik pisanan ditepungaké menyang negara manca déning Présidhèn Soeharto, yaiku nalika ana ing konfrènsi PBB.

Piranti kanggo gawé bathik

Piranti kanggo gawé bathik ing Muséum Nasional Indonesia. Saka ndhuwur tengah: canthing, saka kiwa nengen: sikat kayu kanthi rambut serat klapa, kaliper wesi kanggo ngukur, uga kaliper, panjepit, palu, lan file.


  • malam,
  • canthing,
  • kompor,
  • wajan,
  • bak bilasan,
  • lan liya-liyané.

Cara gawé bathik

Awalé bathik digawé ing sandhuwuré bahan kanthi werna putih sing kagawé saka kapas sing diarani kain mori. Diwasa iki bathik uga digawé ing sandhuwuré bahan liya kayata sutra, poliester, rayon lan bahan sintetis liyané.


Motif bathik dibentuk nganggo cuwéran lilin kanthi migunakaké alat sing diarani canthing kanggo motif alus, utawa kuwas kanggo motif mawa ukuran gedhé, saéngga cuwéran lilin mresep jroning serat kain. Kain sing wis dilukis nganggo lilin banjur dicelup kanthi werna sing dikarepaké, biasané diwiwiti saka werna-werna enom. Panyelupan banjur dilakokaké kanggo motif liya kanthi werna luwih tuwa utawa peteng. Sawisé makaping-kaping ngliwati prosès pawernan, kain sing wis dibathik dicelupaké menyang bahan kimia kanggo nglarutaké lilin.

Jinis motif bathik

Banji

Banji yaiku motif bathik kang isih dianggo déning bathik Banyumas kang digawé kanthi motif gedhé lan wernané soklat utawa ireng sarta digawé sacara bedesan. Bedesan yaiku salah sijiné cara nggawé bathik tanpa ngilangi lilin bathik ing tengah-tengah prosèsé nggawé bathik kanthi prosès kang diwalik yaiku dicet ing tèmbok lan dicelup soga, dicap klowong, dicelup wedel banjur dilorod.
Jinising motif banji yaiku:
  • Banji guling.
  • Banji bengkok.
  • Banji kacip.
  • Banji kerton.

Ceplok

Ceplokan utawa ceplok yaiku motif bathik kang ing njeroné ana gambar-gambar kang wujudé bunderan, rosèt, lintang lan variasi liyané. Kanthi gambar kang ana ing motif ceplokan kuwi isih ngandhut segi papat lan bunderan, semono uga motif ceplok uga bisa digolongake ing motif géometris.
Motif ceplok dijupuk saka kang nggawé sapisanan yaiku:
  • Ceplok Purbonegara
  • Ceplok Madu Sumirat
  • Ceplok Sirat Madu
  • Ceplok Cakrakusuma
Motif ceplok kapérang saka ornamèné yaiku
  • Ceplok Kembang Jeruk
  • Ceplok Manggis
  • Ceplok Salak Sategal
  • Ceplok Supit Urang
  • Ceplok Cakar Pitik
  • Ceplok Gandosan
  • Ceplok Kembang Waru
  • Ceplok Lung Slop
  • Ceplok Gambir Saketi
Motif ceplok kapérang saka asal dhaérah yaiku
  • Ceplok Kretek
  • Ceplok Nagasari
  • Ceplok Karang Madura

Motif bathik miturut dhaérah asal

  • Bathik Bali
  • Bathik Banyumas
  • Bathik Madura
  • Bathik Malang
  • Bathik Pekalongan
  • Bathik Solo
  • Bathik Tasik
  • Bathik Aceh
  • Bathik Cirebon
  • Bathik Gumelem
  • Bathik Fraktal
  • Bathik Lasem
  • Bathik Semarang
  • Bathik Yogyakarta
  • Bathik Tuban
  • Bathik Probolinggo

Jinising bathik

Jinising bathik miturut tèknik:
  • Bathik tulis yaiku kain kang dihias kanthi tèkstur lan corak bathik digawé nganggo tangan. Cara nggawé bathik iki kira-kira mbutuhaké wektu antarané 2 nganti 3 sasi.
  • Bathik cap yaiku kain kang dihias kanthi tèkstur lan corak bathik kang dibentuk nganggo cap (biasané digawé saka tembaga). Prosès kanggo gawé bathik cap iku kira-kira mbutuhaké wektu 2-3 dina.
  • Bathik lukis yaiku bathik kang digawé kanthi cara nglukis langsung ana ing kain putih.

Alhamdulillah, moga bermanfaat ^_^
Sumber : wikipedia.com
- Budaya Bathik