Read more: http://www.kowandy.com/2012/04/cara-agar-blog-cepat-di-buka-lewat-hp.html#ixzz26J64UFeZ Pangerten lan Sajarah Budaya Jawa DARKKILLER: Pangerten lan Sajarah Budaya Jawa

Biarlah kucoba menjadi 'Pembunuh Kegelapan' dalam hatimu, mengukir setiap karya dengan pena, menumbuhkannya dalam kanvas blog ini.

Pages

Jumat, 25 Januari 2013

Pangerten lan Sajarah Budaya Jawa

Bismillah..


Pangerten

Budaya Jawa iku pranataning uripé wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegesé pangertèn lan cara. Pangertèn bab urip nuduhaké sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibané. Déné cara nuduhaké pakeming tumindak ing purwa, madya, lan wusana ning kahanan. Uripé wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabèh pérangané urip kaya ta pribadiné dhéwé, liyan, alam, lan apa waé sing ana sakliyané dhèwèké kudu isa nampa lan nyengkuyung budiné sing nuju marang kasampurnaning urip.

Sajarah

Budaya utawa kabudayan Jawa iku salah siji kabudayan sing wis mapan, amarga wis suwé banget anané. Budaya Jawa ora madeg dhéwé. Animisme, Dinamisme miwiti ananing Budaya Jawa. Hindhu, Budha, Nasrani, lan Islam ya akèh banget pasumbangé marang Budaya Jawa. Budaya Jawa wiwit mula bukané gampang nampa lumebuné bab-bab anyar saka njaba angger ora sisip sembir karo pokok ugerané. Budaya Jawa urip bebarengan karo Agama lan Kapitadosan sing ana. Wataking Budaya Jaw\a sing tansah nggolèki larasé swasana gampang nampa ananing budaya liya.


Contonipun Budaya Jawa menika Budaya Bathik.
artikel Bathik saged dibuka ing mriki


You might also read:
Budaya Bathik


Alhamdulillah, moga bermanfaat ^_^

Sumber : Wikipedia.com