Read more: http://www.kowandy.com/2012/04/cara-agar-blog-cepat-di-buka-lewat-hp.html#ixzz26J64UFeZ Pidato Tampi Pasrah Penganten Kakung DARKKILLER: Pidato Tampi Pasrah Penganten Kakung

Biarlah kucoba menjadi 'Pembunuh Kegelapan' dalam hatimu, mengukir setiap karya dengan pena, menumbuhkannya dalam kanvas blog ini.

Pages

Minggu, 18 Maret 2012

Pidato Tampi Pasrah Penganten Kakung


Atur sapala ing pahargyan pawiwahan
saking pihak penganten kakung

Urut-urutan:
1. Pambuka
2. Wos (Inti)
3. Panutup

Pambuka:
Assalamualaikum….
Berkah karaharjan mugi rumentah dhateng kula panjenengan sadaya.
Amin.

Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan, para sepuh, sesepuh, saha para pinisepuh, kakung sumawana putri ingkang satuhu kawula bekteni.

Langkung rumiyin matur sembah nuwun dhumateng sadherek pranata adicara ingkang sampun paring wekdal dhateng kula. Keparenga kula badhe matur minangka talang aturipun .... (asma sarimbit tiyang sepuhipun panganten kakung ingkang dipun wakili) sarimbit. Ing titiwanci punika kula sabrayat ngaturaken kulanuwun lan pambagya harja dhumateng para rawuh sadaya, satuhunipun dhumateng panjenenganipun .... (asma sarimbit pihak besan), ingkang sampun karsa nampi pisowan kula sarombongan wonten ing dalem punika (kulawarga ing mriki) kanthi kebak ing pambagya kinanthen pasugatan ingkang sangsaya nuwuhaken rumaketing pasedherekan lan tali silaturahmi.

Wos (Inti):
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, para sepuh, sesepuh, saha para pinisepuh ingkang satuhu kawula bekteni.
Sowan kula sarombongan ing mriki saperlu njangkepi punapa ingkang sampun dados kuwajiban kula minangka tiyang sepuhipun temanten kakung, inggih anak kula pun ….. (asmanipun temanten kakung). Puja puji syukur konjuk ing Pangeran ingkang Murbeng Jagad dene ing dinten .... (dinten) surya kaping... (tanggal) ing wulan.... (bulan) warsa ... (tahun) punika, anak kula punika estu sampun dhaup asta lumiyat kalihan nakmas ayu.... (asma penganten putri) kanthi wilujeng nir ing sambekala datan wonten rubeda satunggal punapa. Ijab suci (ijab qobul) sampun kalampahan ing dinten punika tabuh... (pukul) wonten ing ... (papan ijab) lumantar.... (pejabat pernikahan).

Raos bingah, bombong lan bebeg cumondhok ing manah kula lir kasiram tirta sawindu, dene punapa ingkan dados sedya lan pangajap kula anggenipun minangkani panyuwunipun anak kula estu sampun saged kasembadan tuwin kababar ing dinten punika. Pramila, kula ing pahargyan punika boten wonten sanes kajawi amung saged ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, langkung-langkung dhumateng Bapa-Ibu besan ….. (asma tiyang sepung penganten putri) sarimbit, ingkang sampun hamengkoni jangkeping gati saha rantamaning titilaksana ing adicara pawiwahan punika kanthi longgar ing panggalih, wiwit purwa, madya lan purnaning pahargyan samangke.

Agenging panuwun ugi kula aturaken dhumateng para rawuh sadaya ingkang sampun karsa mijekaken wekdal ngenthengaken sarira njenengi pahargyan wiwahan punika, lan nekseni anak-anak kula anggenipun miwiti adegipun kulawarga enggal. Amung Gusti Mahamirah ingkang saged paring lelintu dhumateng katresnan, kasaenan, tuwin donga pangestu lan pambiyantu panjenengan sami. Panuwun kula mugi-mugi rawuh panjenengan sadaya, dadosa berkah saha pangestu ingkang lumintu dhateng anak-anak kula punika amrih sangsaya madhep lan mantep, jumangkah kanthi jejeg ing madyaning gesang bebrayatan agung samangke. Mugi wijining katresnan saged angrembaka linambaran sikap setya, sami dene urmat kinurmatan kanthi iman ingkang tansah sumunar, tansah bekti dhumateng tiyang sepuh, leluhur tuwin Gusti ingkang Murbeng Dumadi. Ingkang rumiyin jejer kalih, sapunika sampun nyawiji dados satunggal datan kapiji-piji malih. Mugi kekalihipun sageda langgeng katresnanipun; binerkahan gesang lan pakaryan tuwin pangupajiwanipun; tansah mersudi dhateng jejering kautamen ing panggulawenthah dhateng para putra wayahipun; temahan begja gambira ngantos dumugi kaken-kaken lan ninen-ninen.

(Saged dipun tambahi malih.)

Panutup:
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, para sepuh, sesepuh, saha para pinisepuh, kakung sumawana putri ingkang tuhu sinudarsana.
Kados boten prayoga manawi kula matur kathah-kathah. Sadaya isen-isening manah kula sampun kababar. Pramila, atur kula kacekapaken semanten kewala, lan mbokbilih wonten kekiranganipun kula nyuwun agenging samodra pangaksami.

(Optional: Mboten ateges anggege mangsa, amung ngiras-ngirus wekdalipun, ing saparipurnaning pahargyan samangke kula sarombongan nyuwun pamit madal pilenggahan, wangsul tumuju dhateng ….. Pramila kula sarombongan nyuwun donga kawilujenganipun).

Ing wasana, kula minangka talang aturipun .... (asma sarimbit tiyang sepuhipun panganten kakung ingkang dipun wakili) sarimbit, mbokbilih anggen kula matur taksih kathah klenta-klentunipun krana cupeting kawruh basa saengga nerak paugeraning paramasastra, temahan dados kirang nujuprana ing panggalih panjenengan sami, kula nyadhong lumunturing sih pangaksama.

Wasana cekap, Assalamualaikum….
Wekdal kula kunduraken dhumateng sadherek pranata adicara.
Matur nuwun.